Drama Roro Jonggrang (bahasa jawa)
Ing sawijine jaman, ing ndesa sing apik urip ana wedokan kang ditinggal
karo bojone . Dheweke urip karo anake , sing jenenge Bandung.
Bandung : “Bu, nopo ibu mboten kesepian menawi kula
lan panjenengan mung
manggon teng perkampungan endah niki tiang
kaleh mawon.”
Ibu
: “Kesepian ngopo to le?Ibu wis seneng ana
kowe nang kene. Awake dewe uwis urip
kecukupan, seneng tanpa ana sing
ganggu, arep njaluk sing piye maneh.”
Bandung : “ya mbok menawi ibu kersa duweni rama damel
kula.”
Ibu
: (mesem ngguyu) “Kowe ki ngomong opo to.Ora..ora..ibu rapapa urip
janda kaya ngene
sing
penting ibu duwe kowe(Jare ibune banjur nyayang anake).”
Bandung : “Lho, saestu Bu.”
Ibu
:”Sakjane lakyo kowe sing patut tak
takoni koyo ngono kuwi anakku.
Kowe iku wis gede, moso kowe arep dewean wae.”
Bandung :
(mesem)”Ah, menawi kula,mboten usah di pikir bu. Saktemene kula ajeng tanglet
kalih ibu, Nanging kula boten kepenak,Bu.”
Ibu
: “Kowe arep takon opo?Kok nganggo ora kepenak barang. Aku iki ibumu opo dudu.
Arep takon opo to Le?”
Bandung
: “Ngeten lho Bu, saktemene Rama kula menika sinten? Ngantos sakniki kok kula taksih
bingung.”
Bandung : “Bu,kok mendhel mawon? Wonten penggalih
menopo to bu?”
Ibu
: “Anakku Bandung (ngelus pundake Bandung). Sajake iki wektu sing pantes. Kowe saiki wis gede, ibu ora
wedi maneh cerita karo kowe. Ibu ngerti,kowe mesti iso ngerteni iki.”
Bandung : “Ana apa,Bu?”
Ibu
: “Bapakmu kuwi sakjane bangsawan ing
tlatah adoh kono.”
Bandung : “dados bapak tasik sugeng bu?”
Ibu
: “Yen kowe pancen pengen nemoni Ramamu,
yo ora opo-opo. Golekana Ramamu
kuwi,nanging
ibu mung iso pesen. Rungokno pesen – pesen ibu iki.”
Bandung : “inggih, Bu.”
Ibu
: “Ibu mung iso dongakake apa sing kowe karepake bakal tok temu. Lek wis
kepetuk ramamu, cepet sujud ing sikile ramamu kanggo tanda kahormatan. Ing
jabakono, pasti akeh wong asing sing bakal kok temui lan kabeh pasti nduwe niat
dhewe-dhewe.Kowe iku lanangan sing isok dipercaya . Ojo seneng adu otot anakku,
iku ora apik. Ojo waton tumindak ing kono, ora liyo kanggo njaga keslametanmu
dhewe.”
Bandung : “Inggih,Bu.”
Ibu
: “Lan siji meneh amanatku (mlebu ing
kamar, metu lan nggawa selendang warna abang). Gawaen selendang iki supaya
Ramamu percaya yen kowe iku anake.”
Bandung
: “matur nuwun Bu, nanging kepripun ibu menawi kula ngembara. Menapa ibu aman
gesang piyambakan ing bumi ingkang boten temtu niki .”
Ibu
: “ Ibu ora bakal keno opo-opo. Ibu mung iso nyangoni slamet yo anakku sing tak
tresnani.”
Menika Bandung budal
ngembara. Lan dheweke teko ing nggone jin. Dheweke ditekani karo para abdi
dalem saka nggone jin. Bandung bisa nglawan para abdi dalem. Banjur Bandung
nemoni Jin Bondowoso.
Jin
:” Sampean sapa?”
Bandung :”Aku Bandung”
Jin
: “ Ono kaperluan opo sampean mrene.”
Bandung : “Aku arep nggolek Ramaku,opo kowe isok bantu aku
nggoleki Ramaku?”
Jin
:”Wani piro?”
Bandung : “Yen aku wis dadi raja ing Pengging kowe isok
njaluk opo wae sing kowe karepake.”
Jin
:”Wokey , gawe bantu kowe aku wenehi tigo panyuwunan.”
Bandung :” sing kasiji aku pengen nemoni Ramaku.”
Jin
:”Oke” (ngilang)
Amarga Bandung bisa nakluake Jin
Bondowoso , akhire jenenge Bandung diwenehi jeneng Bondowoso. Dadi saiki
jenenge Bandung Bondowoso. Jin Bondowoso ngabulake panyuwunane Bandung
Bodowoso. Deweke banjur dadi Raja ing Pengging. Bandung Bondowoso saiki dadi
sombong lan serakah. Dheweke pingin nguwasai kerajaan Pengging lan
kerajaan Prambanan. Dheweke pingin
perang karo Prabu Boko, rajane
Prambanan.Prabu Boko direwangi Patih Gupala perang karo
Bandung Bondowoso. Bandung Bondowoso nggawe panjalukan sing keloro marang
Jin Bondowoso ben iso menang ngelawan Prabu Boko. Akhire Jin Bondowoso lan
Bandung Bondowoso menang nglawan Prabu Boko. Prabu Boko mati tapi Patih Gupala
Slamet . Patih Gupala muleh karo ngetokake getih lan
kelaran.
Patih Gupala :” Nyuwun sewu Putri.”
Jonggrang :
“Ana apa Patih. Kok njenengan wis bali saka peperangan, ana ngendi
Ramaku?”
Patih
Gupala : (menundukkan kepala dan menyembah)”Nyuwun sewu Roro.” (mikir-mikir)”Prabu Boko…”
Jonggrang :”
Rama!?Ana apa karo Rama?Opo panjenengan duwe kabar sing ora ke penak Patih?”
Patih Gupala : “Inggih Roro.”
Jonggrang : “Ana ngendi
Ramaku?”(bingung lan arep nangis)." Cerita karo aku Patih..pundi ramaku?”
Patih Gupala :” Prabu Boko
gugur ing peperangan menika, Roro.”
Jonggrang :” HA? Apa bener
ngendikanmu kuwi. Opo panjenengan boten
Goroh Patih?”
Patih
Gupala :” Saestu ndara. Kula ingkang ngertosi piyambak,
Bandung Bondowoso nusukkaken kerisipun.”
Jonggrang
:” Rama…(nangis)”
Wektu nangis iku
patih Gupala mati lan Bandung Bondowoso teka ing ngarepe Rara Jonggrang.
Bandung banjur mikir-mikir, sapa Ratu ayu ing ngarepe iku?Apa selire
Prabu Baka sing dak pateni mau?
Bandung
:” (mlaku nyedeki Roro). Kena apa kowe duh cah ayu?”
Jonggrang
:” Sapa kowe wani teka ing kerajaan iki?”
Bandung
:” Hahaha…Sopo aku? Opo kowe ora ngenali
aku, raja ing Kerajaan Pengging, lan
saiki sing duweni kerajaan sing gede iki” (ngomong karo sombong), Bondowoso. Hahaha..Ayu tenan kowe. Apa kowe gelem dak
dadekake garwaku! Roro Jonggrang bingung arep menehi jawaban apa.
Jonggrang
:(mbatin)Bandung iku wong sing sekti.Ra mungkin aku wani nolak. Nanging atiku
ora tresna. Kenal wae durung, kok njaluk aku dadi bojone. Penak tenan. Saya
maneh, uwong iki sing gawe aku kelangan Rama tercintaku.
Bandung :
”HALAH!!!,trimo ae, Aku ngganteng kok. Kena apa kowe ora gelem?
Opo kowe isin karo aku?Hem?(karo nggoda)”
Jonggrang :”Wah.Apa sing arep aku lakokake.Aku mumet.”
Jonggrang banjur mikir-mikir.
Jonggrang : “Ngene wae, yen kowe pancen
pengen duweni aku, syarate sitik-sitik wae.Gawekno 1000 candi ing wektu
sakmalem. Yen kowe kasil, aku gelem tok pek bojo.”
Bandung :
“Weh..weh..weh..Wah, kowe ki dagelan tenan kok!!Sewu candi wektu
sewengni?10 candi wae, apa mending kowe njaluk syarat liyane.
Sekarepmulah..Moso kon gawe 1000 candi.Arep tok nggo ngopo candi iku.”
Jonggrang
:” Kula tetep pengen digawekke
sewu candii. Iku panjalukku.buktekno yen
kowe tresna aku Bandung.”
Bandung
: “Wis, sakiki ngene wae.
Pase,njalukmu piro?”
Jonggrang :
“Aku nyuwun sewu candi!!” (karo arep nglungani)
Bandung : “Yowes..yo wes..Aja mutung to!
Kanggo buktekake tresna ku karo
kowe, bakal tak gawekake sewu candi.”(janji)
Bandung nggawe panyunuwunanne saka jin sing terakhir.
Bandung
:”jin, aku isik nduwe panyuwunan sing terakhir kan?”
Jin
:”iyo aku iling. Panyuwunanmu
apa ?”
Bandung :”aku njlauk tulung digaweake 1000 candi.”
Jin :”wokey, mari panyuwunanmu
kuwi mau urusanku karo kowe wis mari,dadi aku ora
pingin
bantu kowe maneh.”
Jonggrang : “Kepriye
iki, apa Bandung bisa gawe candi okehe semono.”
Dayang
: “La kepripun to Putri.
Bandung menika lak nggeh tiyang sekti to Putri, miterat pamikir kula, kok
panyuwun panjenengan, bisa di tepati. La wong samenika taksih jam
kalih,anggenipun bangun candi sampun
badhe kelar to Putri.”
Jonggrang : “La terus apa sing kudu tak
lakokake.aku ora gelem rabi karo Bandung.”
Dayang :
“Lajeng kepripun?”
Jonggrang mloka mlaku ing jero kamar
Jonggrang
: “Wis, saiki ngene wae.
Dayang, tulung tangekake kabeh rakyat
Prambanan, kongkon wong wadon
numbuk pari, lan bakar ya jerami. Sing ana ing kandange pitik. Awak dewe gawe
suasana bengi iki seakan isuk uwis
teka.Lek wis ngono jin-jin sing lagi kerja ngira lek isuk wis teko,jin-jin padha mlayu lan ojo
lali naburake kembang-kembang.”
Dayang
: “Ide ingkang
bagus,Putri. Karongono, Bandung pasti ora bias marikake gawean kuwi.”
Jonggrang :
“Iya. Dayang, cepet dewekmu tangikne wong wong!.”
Dayang : “Inggih ndara.nyuwun sewu.”
Dayang iku mau
banjur nangikne para wadokan ing ndesa iku. Wedokan mau dikonkon numbuk padi
lan mbakar jerami, Pitik pitik dikongkon nguruk.
Jin :” Wah, Srengenge wis nyilau
ing kono!awakdewe kudu cepet ngaleh iki. Yen ora,awake dhewe engko iso
angus!Weleh..weleh.. Tapi,piye karo penggawean iki. Candi sing didekno kurang
siji engkas.Bandung ya ing endi iki?”
Para jin-jin pada mlayu lan ninggalake
gaweanne .Ora suwe maneh Bandung Bondowoso teko karo. Dhalu sing rame, srengenge
wis muncul , pithik jago , para wadon
wis mulai numbuk pari lan jin-jin pada ngilang kabeh.Ndeleng keaadan kuwi BandungBondowoso. Ing esuk,
Bandung nekani Jonggrang.
Bandung : “Jonggrang,
panjalukmu uwis dak turuti, saiki rabio karo aku.”
Jonggrang : “Oh ya?sing
bener? Apa kowe wis bisa gaweanke aku sewu candi?”
Bandung : “Tentu wae tresnoku?”
Jonggrang : “Aku ora
percaya.”
Bandung : “kowe ora
percaya? Dhelengen iki itungen candi-candi kuwi.”
Jonggrang : “oke. Tapi iling janjimu, yen candi
kuwi kurang teko sewu, berarti kowe batal ngolehake aku, Bandung.”
Jonggrang ngitung
candi-candi kuwi.Mari bolak-balik ngitung Jonggrang ngomong.
Jonggrang : “sepurane Bandung, uwis dak itung, candi
sing kok gawe kurang siji.”
Bandung : “Hah?sing
tenan.kowe pasti salah ngitung.”
Jonggrang : “aku uwis bola
bali ngitung, nanging hasile pada. Jumlah candi iki mung 999 .”
Bandung
: “yawis, kan mung kurang sak
buah, uwis ana 999 buah. Engko bakal dak gawekake maneh. Tapi sak uwise
kowe rabi karo aku.”
Jonggrang : “ora, Bandung. Janjine dudu kaya
ngono! Kowe uwis gagal menuhi janjimu. Dadi minggato saka uripku. Ojo nyideki aku. Utawa
aku sing bakal minggat.”
Bandung : “Ha?sak wise
aku nggawe 999 candi, apa mung iki balesanmu Jonggrang”
Jonggrang : “Iyo.kowe
pingin apa maneh!! (nyentak) akonono yen kowe uwis kalah wong elek.”
Bandung :
“Jonggrang!!wanine kowe ngenyek aku!”
Jonggrang : “pancen ngono
toh nyatane!”
Bandung : “Jonggrang!! Kowe wis nggawe aku
ngamuk! Ket mau aku wis nyobak gawe
sabar gawe ngentukake kowe , tapi percuma ae pengorbananku iki. Ora papa aku
ora ngentukne awakmu! Candi iki pancen kurang siji , lan sakjane sing pantes
ngelengkapi ya mung kowe tok! Dadi kowe Candi Jonggrang dadio hiasan kanggo
kerajaanku!
Jonggrang : “Aaaaahhh
!!!!!!!!!!”
Moro-moro Jonggrang berubah dadi Patung.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar